Jumat, 25 Maret 2016

waseso boso

Tata Krama Murid Marang Guru

“Wong urip iku kudu duweni unggah-ungguh, bisa bebasan lan

ngajeni marang liyan. Urip padinan iku uga ana tata kramane. Kita

kudu bisa mbedakake karo sapa kita sesrawungan. Kayata, urmat

marang tiyang sepuh, laku becik marang sapada, lan ngasihi sing luwih

cilik. Ora bisa kabeh kuwi dianggep pada lan sapada.”

Ing sajroning pamulangan iki ana sawetara sing anggresah, murid-murid saiki angel wulang-wulangane bab tatakrama. Kudune kepengin mbantah wae, awit duwe panemu yen tatakrama iku kudu dibuwang, awit dianggep kuno, ora modern tinggalane para penjajah lsp. Ana maneh sawetara kanca yen para murid saiki tingkahe saya dadra wiwitane nglanggar aturan, bar nglanggar / nerak aturan yen dikandhani mbantah, la iki sing paling cilaka, bar mbantah gurune dilawan, wong tuwane

Oleh : Azizah Sadega

dilawan wah gek kepriye yen ngene iki, sapa sing salah?

 Wong memisuh iku ala, ora patut ditindakake bocah-bocah sing sopan.

Wong menganggo klambi ora dibenikake iku ora apik, ora patut tumrape bocah kang ngerti tata krama.

 Bocah adus tanpa patelesan bebarengan bareng wong akeh iku saru, ora pantes ditindakake dening bocah-bocah

sekolahan.

 Wong kang gawe geger ing pasamuan utawa tontonan iku klebu ora apik, ora pantes ditindakake bocah-bocah

sekolahan.

Dene murid kang sopan lan ngerti tata krama iku :

 Yen kepapag gurune ana ing dalan, ora

bakal mlayu ngenthar, nyingkrihi. Balik

malah sareh mapagake sarta asung

kormat kanthi manthuk.

 Yen ketemu gurune ana ing toko utawa

ing panggonan liya ora ndadak banjur

ndhelik amping-amping wong liya,

nanging panggah tenang kaya-kaya ora

ana sapa-sapa. Yen gurune mriksani

malah banjur asung urmat.

 Yen ana ing sajroning kelas, arep nyuwun

pirsa wulangan ora ndadak ngaturi

gurune sarana suwit-suwit utawa tangane

ngetheki kaya yen ngundang pitik kae.

Nanging sarana ngacungake tangane sarta

matur : "Keparenga kula nyuwun pirsa".

Kanca-kanca, tulisan ing dhuwur ora ateges guru mundhut diurmati, ora! Nanging adate wong wetanan pancen kaya

mangkono. Sing enom asung urmat marang wong tuwa, suwalike wong tuwa iya kudu asih marang sing luwih enom. Srawunge

para murid kudu cedhak karo gurune nanging aja ninggalake tata krama lan suba sita. Ora kena matur marang gurune mung

nganggo basa ngoko wae, kaya caturan karo kancane dhewe. Para murid, kajaba sregep ngundhakake kawruh, supaya pinter ing

bab wulangan, wasis ing bab kagunan, uga wajib ngerti marang tata krama.

Kita becike padha nduweni semboyan : Putraning bangsa kudu ngerti tata krama.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar